Materi Bahasa Jawa (5)

Materi Bahasa Jawa 
Bab Ajining Pribadi
Kelas 12
Ringkean,

Pangertosan
 * Ajining dhiri gumantung lathi, ajining sarira mapan ana ing busana. Ngono iku unen-unen jawa supaya wong jawa ngati-ati anggone padha muna-muni lan ngetrepake busana utawa pakean. Kalodhangan iki ayo padha ngrembug teks kang ndreskripsikake babagan busana jawa. Busana kejawen blagkon,beskap,keris,cindhe,tagen,epek,timang,lan selop.
A. Maca lan nemokake isine dheskripsi babagan busana jawa
* Teks dheskripsi iku teks kang digunakake kanggo njlentrehake samubareng kanthi nerangake katrangan kang katon. Ing kalodhangan iki, samubarang kang dikarepake wujude busana adat jawa.
Busana adat jawa
       Busana kejawen mungguhe wong lanang iku dumadi saka wena,yaiku: blangkon utawa dhestar,beskap utawa atela,sabuk utawa setagen,keris,cindhe utawa sindur,epek,timang,jarik utawa nyamping,lan selop.
         * Blangkon lan keris iku siji lan sijine ana perangane dhewe-dewe.perangan blangkon ana pitung werna,yaiku mathak,kemodho,wiron,cungkeng,mondholan,uben utawa kupon,lan kuncung. Dene keris kang uga diatani dhuwung utawa wangkingan utawa curiga dumadi saka pitung perangan uga. Pitung perangane keris jenege ukiran,medhak,rangka,godgong,wilan/katga/parung,pedhok,lan ganja.

Tuladhane

* Blangkon*
    Blangkon iku sajinis panutup sirah kanggo wong priya sing kagae saka bahan kain bathik utawa lurik. Blangkon sajatine wujud modheren lan praktis saka iket. Ing busana tradhisional adat Jawa lan adat Sundha blangkon dianggo minangka pasangan karo busana beskap.

* Beskap*
    Beskap punika jenis klambi formal ing tradisi Jawi Mataraman kanggo dinggo ning acara formal utawa penting. Sandhangan atasane dipuntepangaken ing pungkasan abad 18. dening karajan ing area Vorstenlanden nanging mengko nyebar menyang wilayah beda saka pengaruhe budaya.
    Beskap kui klambi tebal, ora nggo krah, biasane peteng, nanging meh tansah kosong. Bagean ngarep bentuk e ora simetris, karo tombol pola miring (ora jejeg). Gumantung ing spesi, ana sing beda ing besik ing mburi, kanggo antisipasi wontenipun keris. Beskap tansah digabungake karo jarik (kain dawa kang dibebatkan kanggo nutup wentis.




* Keris*
     keris utawi tosan aji utawi curigapunika salah satunggal gaman utawi sanjata tradhisional masarakat Jawa ugi dados salah satunggal lambang paripurna tiyang jaler sanesipun turangga, wisma, wanita kaliyankukila. Curiga utawi keris punika gadhah makna lanang, prakosa lan diwasa, utawi tiyang (jaler) Jawa punika kedah tangguh, sanggup nglindungi piyambakipun, kulawarga, saha saged mbéla nagara.




*Kain jarik*
    Jarik yaiku, jarit kang dienggo kanggo nutupi awak nganti tekan sikil.Jarik utawa sinjang yaiku kain sing digunakake kanggo nutupi awak saka bangkekan tekan sikil. Jarik nduweni makna aja gampang serik, yen ngadepi masalah kudu ngati- ati aja grusa- grusu.




* Stagen*
     Setagen inggih punika pirantos arupi kain tenun kandel ingkang radi kaken. Setagen gadahi wiyar watawis 12-20 M lan panjang 2-4 M. Ulesipun warna-warni wonten ingkang cemeng, ijem, pethak lan sapanunggale, anangis sedaya wau mboten wigatos, amergi manggenipun setagen punika wonten lebet lan badhe katutup kalian sabuk utawi busana liya kados beskap utawi kebaya.
   Setagen punika ginanipun kagem nyingseti utawi “ngencengaken” tumempelipun sinjang wonten badan, supados sampun ngantos mlorot temahan udar.
Menawi cara ngagem setagen punika kanthi di ubetaken wonten badan saking tengen mangiwa wiwit ngandap padharan dumugi ngandape dada.
   Stagen nggadahi filosofi nata badan supadasa tegap lan santun anggene unggah-ungguh.Setagen ugo gadahi teges paningset ingkang maknanipun “bebakaling sandhang” utawi cikal bakal busana kang di karepaken ing bebrayan mangkih kekalih temanten sageto ngalampahi sedaya kondisi. 




* Kebaya*
    
    Kebaya asale saka tembung basa Arab yaiku “Abaya” sig artine klamben. Akeh sing percaya kebaya iku asale saka Tiongkok ing atusan taun kepungkur. Banjur nyebar mring Malaka, Jawa, Bali, Sumatera, lan Sulawesi. Sakwise akulturasi kelakon atusan taun, klambi kuwi ditampa ing budhaya lan norma daerahe dhewe- dhewe. Sakdurunge taun 1600 ing Pulo Jawa, kabaya kuwi akeh dinggo dening kalangan keraton. Ing jaman Walanda, para estri Eropa padha seneng nganggo kebaya kanggo klambi resmi. Kebaya ing jaman kwi mung nggunakake bahan tenunan kang bahane sutra lan sulaman werna- werni. Nggunakake kebayak ndadikake para estri mangkleh dadi esri kang anggun lan nduweni kepribadian kang sae. Kebaya meloni lekuk awak, dadine para estri kudu bisa madhakne lan njaga awake dhewe.




Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 kelas XII SMA/SMK/MA
https:// jv.m.wikipedia.org
https:// brainly.co.id
abdulgingsul.blogspot.com
https:// ululalbab31n.blogspot.com



Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Materi Bahasa Jawa (4)

Materi Bahasa Jawa (1)