Materi Bahasa Jawa (1)
MATERI BAHASA JAWA
Kelas 10
SINAU SAKA CRITA
"SINAU SAKA CRITA"
Ringkesan
- Cerkak yaiku cekakan saka crita cekak, Di arani crita cekak amarga critane pancen cekak.Ora mung marga wujude kang cerkak (2-5 kaca) , nanging crita utawa lakon kang diandhrake ya cekak. Umume wektu kang di butuhake kanggo maca iku mung sedhela wae.
- Cerita cekak umume dumadi saka saalur wae. Tegese, prekara utawa konflik kang diadhepi dening paraga-paragane mung siji. Sanajan mangkono,masalah iku mau saya suwe saya ruwet,wusanane nganti dadi mbundher(klimaks). Bab iku beda karo akehe prekara ing novel kang biasane nytitakake prekara pirang-pirang dadi siji. Kajaba prekara kang akeh mau,paraga kang dicritakake ing kono pirang-pirang(ora mung siji).
- Crita cerkak iku karangan utawa riptaan kang sumbere bisa saka kanyataan trus dibumboni, bisa uga murni saka kayalan utawa rekane pangripta/pengarang. Senajan mangkono, perangan-perangan kang mbangun wutuhe crita cekak andhakane padha.
CIRI-CIRI CERKAK
- Cerkak luwih ringkes tinimbang novel.
- Ora gambarake kabeh tokoh, seng di gambarake intine bae.
- Anduweni struktur ekposisi lan komplikasi.
- Anduweni unsur intrinsik lan ekstrinsik.
UNSUR-UNSUR CERKAK
- Kang nyakup underane prekara (Tema)
- Paraga (Tokoh)
- Watake paraga (Penokohan)
- Lakune crita (Alur/plot)
- Kepriye pangripta anggone nyritakake (Point of view)
- Kapan lan papan kadadehane crita kasebut (Seting)
- Lan wulangan utawa tuntunan kang ditujokake marang pamaca(Amanat)
Bermanfaat 👌
BalasHapusKeren
BalasHapusMantabb
BalasHapus👍👍
BalasHapusBagus
BalasHapus