Materi Bahasa Jawa (2)
Bab panganan tradisional jawa
Kelas 10
Panganan Tradisional Jawa
Kelas 10
Panganan Tradisional Jawa
Ringkesan
- Panganan tradisional ⇨ yaiku panganan kang kondhang ing papan utawa dhaerah tartantu.saben dhaerah biasane duwe panganan sing kondhang lan dadi ikon dhaerahe. Kayata coto lan konro ing Makassar,rendhang ing padhang,lan sapanunggale.
"Klepon"
Klepon yaiku salah sawijining panganan tradisional kang kalebu jajanan pasar. Klepon digawe saka tepung beras ketan lan dibentuk bunder kaya bal cilik lan tengahe diiseni gula jawa banjur digodhog ing jero banyu umub. Yen wis kemambang ing nduwur banyu banjur diangkat lan dicawisake karo parutan kambil. Biasane klepon dicawisake ing godhong gedhang.
Klepon kalebu panganan tradisional kang akeh sing nyenengi. Yen dipangan, gula jawa ing njero klepon muncrat lan ngasilake rasa legi.
Klepon biasane didol bebarengan karo jajanan liane yaiku getok lan cenil (uga ingaran cetil) minangka jajanan ing wayah isuk utawa sore.werna klepon lumrahe wernane putih utawa ijo gumantung selera. Klepon werna ijo, perlu tambahan pewarna alami saka godhong suji utawa godhong pandhan.
Sumber : Gegara nyinau basa jawa 1 kelas X SMA/SMK/MA.
https: //jv,m.wikipedia.org
https: //www.ilmumateri.com
https: //id.pinterest.com
https: //jv,m.wikipedia.org
https: //www.ilmumateri.com
https: //id.pinterest.com

Semangat mengenal makanan
BalasHapus👍👍
BalasHapus👍
BalasHapus