Postingan

Menampilkan postingan dari Januari, 2020

Materi Bahasa Jawa (5)

Gambar
Materi Bahasa Jawa  Bab Ajining Pribadi Kelas 12 Ringkean, Pangertosan  * Ajining dhiri gumantung lathi, ajining sarira mapan ana ing busana. Ngono iku unen-unen jawa supaya wong jawa ngati-ati anggone padha muna-muni lan ngetrepake busana utawa pakean. Kalodhangan iki ayo padha ngrembug teks kang ndreskripsikake babagan busana jawa. Busana kejawen blagkon,beskap,keris,cindhe,tagen,epek,timang,lan selop. A. Maca lan nemokake isine dheskripsi babagan busana jawa * Teks dheskripsi iku teks kang digunakake kanggo njlentrehake samubareng kanthi nerangake katrangan kang katon. Ing kalodhangan iki, samubarang kang dikarepake wujude busana adat jawa. Busana adat jawa        Busana kejawen mungguhe wong lanang iku dumadi saka wena,yaiku: blangkon utawa dhestar,beskap utawa atela,sabuk utawa setagen,keris,cindhe utawa sindur,epek,timang,jarik utawa nyamping,lan selop.          * Blangkon lan keris iku siji lan sijine ana peran...

Materi Bahasa Jawa (4)

                        Materi Bahasa Jawa                                        BAB  "NJAGA TENTREMING URIP BEBRAYAN"                                   KELAS 11 Ringkesan, Pangertosan * Tembung novel asale saka basa Italia novella kang tegese sawijine crita utawa pawarta sapala/sacuwil. Dadi,novel iku sawijine crita rekan(fiksi) kang rada landhung. Menawa dibandhingake karo crita cekak,novel iki luweh dawa lan luwih genep isine. Crita ing novel iku sumbere bisa saka kanyataan trus dibumboni,bisa uga murni saka kayalan utawa rekane pangripta/pengarange wae. Sanajan mangkono,perangan-perangan kang mbangun wutuhe novel biasane padha.                 ~ Unsur Instrinsik~ 1. Tema....

Materi Bahasa Jawa (3)

Gambar
Bab Sukur Marang Gusti Iku Wajib Kelas 11 Ringkesan       Sesorah iku tembung liya saka pidhato. Pidhato iku medharake gagasan sarana lesan kang ditujokake marang wong akeh(masyarakat/bebrayan). Akeh tembung kang maknane padha karo sesotah antara liya tanggap sabda, tanggap wacana, medhar sabda, sabda tama, lan liya-liyane. Sanajan tegese padha,tembung-tembung mau kudu patitis anggone ngepasake.kudu cocog karo unggah-ungguhe. A. Maca lan nemokake struktur lan kaidah teks sesorah Tuladhane: * Ragangan(struktur) bakune sesorah yaiku Irah-irahan Salam pambuka Pakurmatan Purwaka basa(pambuka) Wos(isine sesorah) Andharan wose sesorwh(yen prelu) Pangarep-arep(pangajab) Wasana basa utawa panutup Salam panutup * Tujuane sesorah Kanggo menehi pangerten utawa kawruh. Kanggo menehi kabar utawa informasi marang wong liya. Aweh panglipur. Suka pangrimok(mbujuk)supaya melu apa kang di andharake pamicara. Sumber: Gegara nyinau basa jawa...

Materi Bahasa Jawa (2)

Gambar
Bab panganan tradisional jawa Kelas 10 Panganan Tradisional Jawa Ringkesan Panganan tradisional ⇨ yaiku panganan kang kondhang ing papan utawa dhaerah tartantu.saben dhaerah biasane duwe panganan sing kondhang lan dadi ikon dhaerahe. Kayata coto lan konro ing Makassar,rendhang ing padhang,lan sapanunggale. "Klepon"         Klepon yaiku salah sawijining panganan tradisional kang kalebu jajanan pasar. Klepon digawe saka tepung beras ketan lan dibentuk bunder kaya bal cilik lan tengahe diiseni gula jawa banjur digodhog ing jero banyu umub. Yen wis kemambang ing nduwur banyu banjur diangkat lan dicawisake karo parutan kambil. Biasane klepon dicawisake ing godhong gedhang. Klepon kalebu panganan tradisional kang akeh sing nyenengi. Yen dipangan, gula jawa ing njero klepon muncrat lan ngasilake rasa legi. Klepon biasane didol bebarengan karo jajanan liane yaiku getok lan cenil (uga ingaran cetil) minangka jajanan ing wayah isuk utawa sore.werna kle...

Materi Bahasa Jawa (1)

MATERI BAHASA JAWA Kelas 10 SINAU SAKA CRITA  "SINAU SAKA CRITA" Ringkesan Cerkak yaiku cekakan saka crita cekak, Di arani crita cekak amarga critane pancen cekak.Ora mung marga wujude kang cerkak (2-5 kaca) , nanging crita utawa lakon kang diandhrake ya cekak. Umume wektu kang di butuhake kanggo maca iku mung sedhela wae. Cerita cekak umume dumadi saka saalur wae. Tegese, prekara utawa konflik kang diadhepi dening paraga-paragane mung siji. Sanajan mangkono,masalah iku mau saya suwe saya ruwet,wusanane nganti dadi  mbundher( klimaks ). Bab iku beda karo akehe prekara ing novel kang biasane nytitakake prekara pirang-pirang dadi siji. Kajaba prekara kang akeh mau,paraga kang dicritakake ing kono pirang-pirang(ora mung siji).    Crita cerkak iku karangan utawa riptaan kang sumbere bisa saka kanyataan trus dibumboni, bisa uga murni saka kayalan utawa rekane pangripta/pengarang. Senajan mangkono, perangan-perangan kang mbangun wutuhe crita cekak andh...