Materi Bahasa Jawa (1)

MATERI BAHASA JAWA
Kelas 10

SINAU SAKA CRITA 


"SINAU SAKA CRITA"
Ringkesan
  • Cerkak yaiku cekakan saka crita cekak, Di arani crita cekak amarga critane pancen cekak.Ora mung marga wujude kang cerkak (2-5 kaca) , nanging crita utawa lakon kang diandhrake ya cekak. Umume wektu kang di butuhake kanggo maca iku mung sedhela wae.
  • Cerita cekak umume dumadi saka saalur wae. Tegese, prekara utawa konflik kang diadhepi dening paraga-paragane mung siji. Sanajan mangkono,masalah iku mau saya suwe saya ruwet,wusanane nganti dadi  mbundher(klimaks). Bab iku beda karo akehe prekara ing novel kang biasane nytitakake prekara pirang-pirang dadi siji. Kajaba prekara kang akeh mau,paraga kang dicritakake ing kono pirang-pirang(ora mung siji).
  •    Crita cerkak iku karangan utawa riptaan kang sumbere bisa saka kanyataan trus dibumboni, bisa uga murni saka kayalan utawa rekane pangripta/pengarang. Senajan mangkono, perangan-perangan kang mbangun wutuhe crita cekak andhakane padha.
     CIRI-CIRI CERKAK

  1. Cerkak luwih ringkes tinimbang novel.
  2. Ora gambarake kabeh tokoh, seng di gambarake intine bae.
  3.  Anduweni struktur ekposisi lan komplikasi.
  4.  Anduweni unsur intrinsik lan ekstrinsik.
UNSUR-UNSUR CERKAK
  1. Kang nyakup underane prekara (Tema)
  2. Paraga (Tokoh)
  3. Watake paraga (Penokohan)
  4. Lakune crita  (Alur/plot)
  5. Kepriye pangripta anggone nyritakake (Point of view)
  6. Kapan lan papan kadadehane crita kasebut (Seting)
  7. Lan  wulangan utawa tuntunan kang ditujokake marang pamaca(Amanat)
Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 Kls X/SMA/SMK/MA


Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Materi Bahasa Jawa (5)

Materi Bahasa Jawa (4)