Materi Bahasa Jawa (4)

                        Materi Bahasa Jawa
                                       BAB
 "NJAGA TENTREMING URIP BEBRAYAN"
                                  KELAS 11

Ringkesan,

Pangertosan
* Tembung novel asale saka basa Italia novella kang tegese sawijine crita utawa pawarta sapala/sacuwil. Dadi,novel iku sawijine crita rekan(fiksi) kang rada landhung. Menawa dibandhingake karo crita cekak,novel iki luweh dawa lan luwih genep isine. Crita ing novel iku sumbere bisa saka kanyataan trus dibumboni,bisa uga murni saka kayalan utawa rekane pangripta/pengarange wae. Sanajan mangkono,perangan-perangan kang mbangun wutuhe novel biasane padha.
                ~ Unsur Instrinsik~
1. Tema.                                5. Setting.
2. Tokoh.                               6. Amanat.
3. Penokohan.
4. Alur/plot.
* Tema iku underane prekara kang dirembug kang dafi sumbere konflik.
* Tokoh lan penokohan iku gegayutan karo sapa wae kang dicritakakr ing cerkak iku genep karo watake.kayata: (sabar,wicaksana,galak,judhes,lan sapanunggale).
* Alur iku grgayutan karo kepiye lakune crita.kayata: (lumrah/normal/maju utawq mundur"inversi".
* Setting iku gegayutan karo papan lan wektune,crita iku kedadeane ana ngendi lan kapan kelakone.
* Amanat iku magepokan karo wulangan/tuladha/tuntunan kang dikandhut tawq diemot ing crita iku. Amanat iku wujude gagasan utawa gagasane pabgripta/pangarang kqng diajap bisa ditemokake dening para kang maca.
~ Sinopsis iku ringkesan isine crita,kalebu novel. Urutane lan basabe sinopsis ora kudu padha karo urutan lan basa ing novel sumbere.
Tuladha  judul novel basa jawa:
1 Kerja saka kota Gudeg
2. Ketanggor Badjul
3. Kebak sudukane
4. Perawan keplaju
5. Lagune putri kasmaran
6. Prawestri tanpa idhentiti
7. Setan Searang
8. Republik jungkir balik

Sumber : Gegara Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA
 https: //id.scribd.com



                                           

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Materi Bahasa Jawa (5)

Materi Bahasa Jawa (1)